Selasa, 17 April 2012

MOTIVASI JAWA

Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan, “sabar iku kuncining swarga,” ateges marganing kamulyan.
Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.








“Ing samubarang gawe ojo sok wani mesthek ake, awit akeh lelakon kang kebak sambekalane sing ora biso dinuga tumibane.
Jer koyo unine pepenget, “menowo manungsa iku yo pancen kudu tansah ihtiyar, nanging papesthene tetep dumunung ono ing asta-Ne Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mulo ora sak mesthine yen manungso iku nyumurupi bab-bab sing durung mesti kelakon. Sak umpomo nyumurupono, prayoga ojo diblak-blak ake marang wong liyo, awit temahane hamung bakal murihake blai.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar